pengalaman basa jawi


  Pengalaman Kula
Lepatipun Ngagem Sragam

Menawi kula kelas sekawan SD, kula gadhah pengalaman ingkang lucu lan nglingsemaken. Enjing-enjing kula tangi tilem sampun kesiyangen. Kula banjur solat lan adus. Wanci jam pitu kula bidhal sekolah nyepeda mini piyambak.
Dugi ngajeng sekolahan kula kaget kaliyan lingsem, menawi rasukan sragam ingkang kula angge lepat. Kula kesupen meawi dinten niku Jumat, ananging kula nganggenipun rasukan sragam dinten Kamis. Kula banjur mantuk sumeleh, kula nyepeda cepet sanget lan manah kula inggih deg-degan. Kula anjrih menawi kemangkenipun telat.
Dhateng griya kula langsung kemawon gantos rasukan enggal-enggal banjur bidhal sekolah melih. Dugi sekolah kula sampun telat. Wonten kelas kula digujeng kaliyan disemoni rencang-rencang. Tibaknenipun rencang-rencang kula sampun sumerep menawi kula lepat anggenipun ngagem rasukan. Kula inggih tumut gujeng kaliyan lingsem.
Pengalaman niku nglingsemaken ananging  dados piwulang kanggenipun kula, menawi sekolah supados mboten telat kalihipun mboten kesupen ngagem sragam.